JIKA GAGAL MENDAPATKAN SESUATU, HANYA SATU HAL YANG HARUS DILAKUKAN, “COBA LAGI”!!!!!

Rabu, 09 Desember 2015

SESORAH BASA JAWA


SESORAH BASA JAWI

Nglestantunaken Upacara Brokohan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi  Wabarakatuh
Bapak kepala SMA Negeri 1 Pakem ingkang pandam pandomaning kawula dasih. Bapak saha Ibu dwija ingkang dahat kinabekten, para kanca ingkang kula tresnani.
Sakderengipun, sumangga panjenengan sedaya kula derekaken manembah saha muji sokur wonten ing ngarsanipun Gusti ingkang Maha Luhur, nun inggih Allah SWT, ingkang sampun kepareng paring karaharjan miwah kabagaswarasan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, satemah saged kempal wonten ing papan punika.
Wonten ing kalodahangan menika kula badhe ngaturaken sesorah kanthi irah-irahan: “Nglestantunaken Upacara Brokohan”.
Bapak Ibu guru lan para kanca ingkang bagya minulya.
Wonten ing tanah jawi menika kathah kabudayan ingkang kedah dipunlestantunaken. Salah satunggalipun inggih menika upacara brokohan. Upacara brokohan minangka upacara ingkang dipuntindakaken dening masyarakat jawi kangge mengayubagya lairing jabang bayi minangka pratanda raos sokur. Sedaya upacara lairan menika nggadhahi ancas suados wiwit lairipun dumugi tuwuhipun jabang bayi tansah pikantuk rahmat keslametan saking Gusti Allah.
Upacara brokohan menika sampun dados tradisi ingkang dipuntindakaken dening masyarakat wonten ing Asia Tenggara saha masyarakat muslim wonten ing Indonesia. Asal-usul teradisi menika saking Rasulullah SAW. Saben bayi ingkang nembe lair, dipundongani supados bayi menika pikantuk kesaenan wonten ing agami Islam saha kabahagyan wonten ing donya lan akhirat.
Wonten hadits ingkang nerangaken: “Saben bayi ingkang dipunaturaken Rasulullah prmila panjenenganipun paring donga, ndulang kurma ingkang sampun dipunmamah, lan paring donga saha berkah”. (H.R Abu  Daud)
Saha dalil naqli Surat Ali Imran ayat 36:
3_36.png
“ Lan sejatosipun kula nyuwun dhumateng panjenengan supados bayi lan para wayahipun katebihaken saking godaning syetan”.
Upacara brokohan menika dipun tindakaken wonten ng wanci sonten sasampunipun lairan kanthi ngawontenaken slametan utawi kenduren ingkang dipun raeuhi dening mbah kaum, para sederek, saha ibu-ibu tangga cake. Saampunipun kenduren para rawuh sami ngasta kondur sesajen inkang sampun dipun dongani. Sesajen menika biasanipun dipunracik wonten ing besek, inggih menika wadah ingkang kadamel saking iratan pring.
Wonten ing daerah Ngayogyakarto menika tasih kathah ingkang nindakaken upacara brokohan kagem slametan lairipun jabang bayi. Upacara kasebat taksih dipuntindakaken kaliyan masyarakat Dusun Gondanglutung, Dusun Jambon Lor, Sorasan, lan sanesipun.
Awit saking menika, sumangga kita sedaya kedah nglestantunaken kabudayan jawi, ingkang salah satunggalipun inggih menika upacara brokohan. Ingkang utami para muda, ingkang dados penerusipun kedah njagi kabudayan menika lan tansah nguri-uri kabudayan jawi supados tetep lestari ngantos akhiripun jaman.
Sura dira jaya ningrat, lebur dening pangastuti. Mekaten ingkang saged kula aturaken , mugi-mugi wigatosing sesorah saged kapethik mumpangatipun. Kula namung saged matur : Kupat duduhe santen, kathah kelepatan nyuwun pangapunten.
Matur nuwun awit kawigatosanipun panjenengan.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

 Sumber:
Afidia Tyas Anggraini. Sesorah Nglestantunaken Upacara Brokohan. SMA Negeri 1 Pakem
https://www.google.com/search?q=ali++imron+36&source=lnms&tbm=isch&sa=X&ved=0CAcQ_AUoAWoVChMIiueBqPXbxwIVATOUCh0GPQlj&biw=1366&bih=634#imgrc=kXNZutwLBQcQxM%3A

Tidak ada komentar:

Posting Komentar